Cerkak bahasa jawa
Judul cerkak : Cewek Bonsai Ciptanipun dening : Impian Nopitasari Pangecap : Panjebar Semangat Tanggal pangecap : 26 Januari 2013 Edisi : 2 CEWEK BONSAI Kenya ayu iku kerep katon dhewekan. Praupane tansah nandang sungkawa. Wis pirang-pirang dina iki aku digawe penasaran karo kenya ayu sing tak temoni saben mulih kuliah. Sakjane ora ketemu adhep-adhepan utawa mak sliwer ing panggonan rame. Aku kepengin ketemu dheweke ing swasana sing kepenak lan nyenengake. Upama-a ora sengaja tabrakan, terus aku njupuki barang-barange sing tiba, njaluk ngapura, basa-basi, kenalan, akrab, terus dadian. Kenya ayu iku praupane pucet lan nandang dhuhkita. Anyep, ora nduwe daya sumringah. Aku ngerti dheweke saben aku mulih kuliah. Aku mangkat mulih kuliah pancen ora nganggo kendaraan alias mlaku. Tapi aku tetep penasaran karo omah tingkat cat putih sing lantai loro-ne akeh wit bonsai. ...