Cerita Gunung Takuban Perahu

    Cerita Jawa Gunung Tangkuban Perahu Wektu kui, ana anak wadon ayu saka Prabu Sungging Perbangkara saka kerajaan gedhe ing Jawa Barat. Putrine iku diparingi jeneng Dayang Sumbi. Paras ayune Dayang Sumbi pancen ora iso disangkal. Akeh para raja pada perang rebutan Dayang Sumbi minangka dadi bojone. 
   Kroso awake dadi sumber saka peperangan, Dayang Sumbi akhire mutusake kanggo pindhah menyang alas lan manggon ana ing kono. Ana sak wijining dina, nalika Dayang Sumbi nembe nenun kain dumadakan bolah kang diagem ngglundung ana ing lemah. Amarga puguh njupuk bolah tenunan ing lemah, sak kecap Dayang Sumbi ngandika.
  Dumadakan ana segawon njupukake bolah tenunan lan kaparingake marang Dayang Sumbi. Segawon iku jenenge Tumang. Segawon iku dudu segawon biasa, jarene tumang katurunan saka Dewa. Amerga iku wis dadi janji, pungkasanipun Dayang Sumbi ndadekake Tumang minangka bojo lan saka kromoning iki keparingan anak lanang sing diparingi jeneng Sangkuriang. 

   Sawise, Sangkuriang dijaluk kanggo mburu kewan karo Tumang dening ibuné, Dayang Sumbi. 
"Ibu, aku bakal nggawa ati kidang kangge njenengan" janji Sangkuriang marang Dayang Sumbi.Sangkuriang lan Tumang miwiti mburu kidang.Sawise mburu sedina tanpa asil, Sangkuriang ngangap bakal nggawe kuciwa ibune. Dumadakan Sangkuriang njupuk panah lan ngarahke panah marang Tumang banjur njupuk atine kanggo diwenehke marang ibune. Ibu e ngamuk lan singkirkan diusir saka omahe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerkak bahasa jawa

Novel Garuda Putih