Cerkak bahasa jawa
Judul cerkak : Cewek Bonsai
Ciptanipun dening : Impian Nopitasari
Pangecap : Panjebar Semangat
Tanggal pangecap : 26 Januari 2013
Edisi : 2
CEWEK BONSAI
Kenya ayu iku kerep katon dhewekan. Praupane tansah nandang sungkawa. Wis pirang-pirang dina iki aku digawe penasaran karo kenya ayu sing tak temoni saben mulih kuliah. Sakjane ora ketemu adhep-adhepan utawa mak sliwer ing panggonan rame. Aku kepengin ketemu dheweke ing swasana sing kepenak lan nyenengake. Upama-a ora sengaja tabrakan, terus aku njupuki barang-barange sing tiba, njaluk ngapura, basa-basi, kenalan, akrab, terus dadian. Kenya ayu iku praupane pucet lan nandang dhuhkita. Anyep, ora nduwe daya sumringah.
Aku ngerti dheweke saben aku mulih kuliah. Aku mangkat mulih kuliah pancen ora nganggo kendaraan alias mlaku. Tapi aku tetep penasaran karo omah tingkat cat putih sing lantai loro-ne akeh wit bonsai. Ya ning kono iku aku kerep mangerteni kenya ayu sing tansah lungguh sajak sedih, aurane suwung banget.
Ing sawijining dina, aku sengaja mandheg ing ngarep omah gedhong iku ben isa suwe nyawang cewek misterius iku. Saben sore ngeneki dheweke mesti lungguh ing balkon lantai loro karo bonsai-bonsai-ne kaya dheweke ora nduwe kanca sakliyane. Ora krasa aku wis suwe ngadeg nyawang dheweke. Nganti aku ora sadar yen dheweke gentian nyawang aku. Aku dadi salah tingkah.
Aku ora nggagas omongane Yudhi sak banjure. Embuh bisikan saka endi, ujug-ujug aku nduwe rencana kenalan karo cewek bonsai iku. Wis suwe ngerti blegere mosok durung ngerti jenenge. Sore iku sidane aku nekat pengen kenalan karo cewek bonsai iku. Sawetara 15 menitan aku nyawang dheweke, akhire aku wani “ say hello” ning cewek iku. Cewek iku mesem, lah tenan ta, ayune sansaya katon.
Lukisan kenya ayu sing nduwe jeneng Endah, si cewek bonsai, iki tak bungkus rapi. Rencanaku arep mampir maneh, menehke lukisane iki. Sisan kenalan luwih adoh, sapa ngerti isa ngerti crita bab dheweke nandang sungkawa kerana apa. Suwi aku wis tekan omahe Endah. Nanging saiba gumunku, wong sing tak goleki ora ana. Apa wonge lara? Apa lunga? Tapi sak ngertiku kenya siji iki ora pernah absen lungguh ing balkon iku saben sore. Daripada penasaran, aku nyoba mertamu. Tapi ora ana sing nyauri.
“Mas, madosi sinten?,” aku kaget, ana wong nakoki aku.
“Hmm.. Endah Pak, kenya ayu ingkang saben dinten lenggah ing balkon nginggil niku,”
Bapake katon bingung. Aku apa maneh. Wong aku iki lagi anyaran ning kene kok.
“Wah Mas, griya niki sampun dangu dikosongke. Mbak Endah niku larene pak Branta ingkang seda bunuh diri, sengaja dhawah saking balkon niku. Saklajengipun sadaya keluarga pak Branta pindah saking mriki amargi mboten kuwat nandang dhuhkita,”
Jagadku peteng saknalika.

Komentar
Posting Komentar